Sabtu, 04 Desember 2010

http://wayangprabu.com/category/cerita-wayang/basa-jawa/

Harjuna Sasrabahu

Dhalang: MasPatikrajaDewaku.

Datan kawursita tindake Sang Ramaparasu, Genti kang cinarita, perak ginawe adoh, doh ginawe perak. Kang ana ing nagari Maespati. Sinten ta ingkang ngasta pusaraning adil ing kana, nenggih jejuluk Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu darbe watak ber budi bawa laksana, remen paring sandhang marang kang kawudan, paring teken wong kang kalunyon lan paring usada marang kang nandhang sesakit. Sang Prabu uga darbe watak dana wesi asat, tan kersa sesukan lan datan remen tedhak marang sajabaning kedhaton. Sang Prabu amung tedhak lamun ana sabab kang kumudu kudu tinandangan pribadhi.  Senajanta Sang Prabu sinung kasekten kang magila gila, nanging Prabu Harjuna Sasrabahu datan darbe krenteg ngrabasa prang nglurug bala ngelar jajahan marang manca praja. Nanging maksa keh para raja manca nagari kang padha sumuyud sumawita datanpa sarana kagebuging yuda, amung padha kayungyun marang pepoyaning kautamaning Narendra.
Sang Prabu Harjuna Sasrabahu kagungan garwa, nama Dewi Citrawati.  Putri kang sulistya ing warna, titising Bathari Widawati. Putri saking Nagari Magada, kang duk inguni rinebutan dening para raja saka saindengin ndonya kang tuggal karep ngayunake Sang Dewi.
Nanging kadi cara punapa dene sang Prabu yekti unggul ing ngayuda ngasorake para raja sewu negara kang sedya ngayunake Sang Dewi?  Yekti Sang Prabu nalika samana andhuta sang Rekyan Apatih kang nama Patih Suwanda kang tuhu sura sekti. Ing kana kaleksanan Patih Suwanda ngasorake para raja, misungsung putri boyongan marang ratu gustinira, Prabu Harjuna Sasrabahu.
Ngambali carita kang wus kawuri, nalika samana Patih Suwanda kang jroning lumaksana bali marang Nagri Maespati ngudarasa jroning ndriya
“Sewu raja kaleksanan tak asorake yudane, kanthi ora ngetogake kasudibyan lan kasektenku sakwutuhe. Nanging saiki aku nedya ngaturake putri boyongan menyang gustiku kang aku durung nate anjajagi sepira kaprawirane. Aja aja kasudibyane ora angluwihi saka kasektene raja sewu negara kang nembe tak asorake. Yen pancen kaya mangkana, apa bebathen kang kasandhang  jenengingsun, lamun aku ngawula marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prayoga lamun ingsun ndadar, sepira kadigdayane Prabu Harjuna Sasrabahu”.
Wus dumugi ing kedhaton Maespati, Suwanda kang nembe keduga mboyongi Dewi Citrawati, lumarap lan matur ing ngarsanira sang Prabu.
 

Lakon Carangan: Bindhiraja-Sokabindhi

By MasPatikrajaDewaku

Kacuplik tanpa owah-owahan, saka Kalawarti Panyebar Semangat No 32 Tgl 6 Agustus 1994.
Katur marang para sutresna Wayang Prabu, kanggo referensi tumrap eja’an tulis basa Jawa kang baku.
Mendhung angendanu ing antariksa saluhuring kutharaja Ngastina, mrantandhani lamuna ana wong agung kang nandhang dhuhkitaning-tyas. Srinata pembayuning Kurawa Prabu Duryudana anawung sungkawa, sebab mendrane garwa kusumaratu Banowati kang tanpa pepoyan. Mila pasewakan agung ing rahinten iku katon tintrim. Tan wonten narapraja kang wantun tatap wadana klayan ingkang sinuwun. Sadaya amarikelu lir konjem pratala wadananae, angrantu paran dhawuhing narendra.
“Paman , paman Haria Sangkuni” kapyarsa aris sabdaning nata: “Krana antenging swasana, kanthik manira nembe susah tinilar garwa kang  tan uninga samangke ing pundi dununge. Mula pasewakan niki dina tan ngrembag swasana yuwananing praja. Nanging miligi kadospundi amrih nimbokratu Banowati enggal pinanggya lan saged kaboyong wangsul maring dhatulaya”
“Nuwun kawula noknon. Dhahat kapasang yogi, menggah karsa paduka ingkang sinuwun. Menggah ing pundi dunungipun kusumaratu ing rahinten mangke, pun paman ngaturaken cubluk mbaliluning nalar. Suwawi kadanguwa wakne gondel ingkang jejer dados pujangganing praja” ki patih sumembah
“ Bapa, bapa panemban Durna!” Sri nata manabda.
“ Oo lole lolee semonyor monyor. Wonten dhawuh punapa angger anak Prabu nimbali keng bapa ing Sokagangsal”
“Kekilapan punapa bapa, tumrap ribeting ingkang sinandhang rahina mangke. Sampun tri ari kalenggahan mangke, nimbok ratu Banowati ical tanpa pepoyan. Keparengan bapa paring kalidamar, ing pundita dunungipun yayi Ratu amrih saged pinanggya”.
“Ooooh inggih inggih inggih . Cobi kula ningali primbon langkung rumiyin, amrih patitising pambatang”.
“He he he…….. wakne Gondhel wiwit arep ngramal kiyi …… Yen ngramal aja ngeblong, lho wakne gondel”.
“Waah adhi Cuni iki, kok padhakake ngramal nomer buntut. Iki beda dhi, ramalanku iki linandhesan sir budi cipta rasa, kinanthen petungan nalar kang patitis. Sinuwun, mugi keparanga matur”.
“Enggih bapa, keparanga enggal sajarwaa”.
“Miturut primbon Kaca-ilomana ingkang winiraos lan winateg sanartan aji kul buntet, ri kalenggahan mangke, keng garwa kusumaning ratu kadhustha duratmaka saking nagari Sukamanginten nama Patih Sokabindhi. Perluning sedya, kusuma Banowati badhe ginarwa sang yaksendra Prabu Bindhiraja”.
“Menawi ngaten bapa, nimbok ratu perlu enggal karebat wangsul. Mangke ta kakang narpati Basukarna!”
“Wonten dhawuh pangandika, yayi Prabu”.
“Keparengan kakang Narpati nganthi Kurawa sawadya, nglurug dhateng nagari Sukamanginten, yen saged nimbok Ratu kapundhut sarana aris, kapeksanipun kedah kaebyukan bathang sayuta!”
“Terang dhawuh paduka yayi Prabu, keparenga rakapara nyuwun pamit!”
“Enggih, kakang Narpati, sampun ngantos kirang ing weweka. Paman haria, bibarna pasewakan , manira arsa kundur angedhaton”.
Sanalika wau, wus rumentah sabdaning nata, pindha we kresna tumameng patra. Srinata kondur angedhaton, kadherekaken para emban cethi bedhaya srimpi manggung ketanggung jaka palara lara.
Ing paseban njawi, rekyana patih Harya Sengkuni ngawe para Kurawa sawadya. Wusnya jinarwan dhawuh ing nata nulya kepyarsa tengara bendhe mangungkung, pratandha bidhaling wadya. Tan watawis dangu, tinon bebarisaning prajurit pinantha pantha miyos gapuraning kutharaja. Dawa kaya ula bebarisaning wadya , sinawang saking mandrawa yayah sela blekihti.

Ngupadi Dununging Bathara Wisnu

By MasPatikrajaDewaku

Dongeng ing ngandhap punika, kapethik mentah saking Bahasa Indonesia, dipun olah mawi bumbu sarwa Jawi, saking kitab Ramayana, anggitanipun Herman Pratikto.
_________________________________________
Rikating kandha, gelise kang munggel kawi. Liwunging pangamuk Sang Ramaparasu ambrastha para satriya, wus numpes kurban kang tanpa wilangan cacahe. Para golonganing satriya kang jirih nggetih pada kapilayu ngupadi papan pandelikan. Dene kang wani, kacandhak, sigra kasempal kaprapal kaprawasa. Ora mokal lamun para satriya kang nampa pawarta, yen ta  Ramaparasu cedhak lan papan dunungira, sakala pada payus mukane, maras atine miris sesawangan marus, kayadene wus mulat dewaning panjabut nyawa, Bathara Yamadipati.
Nanging kena kaumpamaake, kadi dene dahana mangalad alad kang mbesmi kekayoning wana, sangsaya dangu tartamtu bakal sirep. Mangkana uga derenging kanepsonipun Sang Ramaparasu kang  wus tanpa tandhing karana para satriya sampun tumpes tapis tanpa sesa.
Nalika samana kandheg lampahira Sang Ramaparasu, aneng tlatah kang ingaran Samantha Pancaka. Ing kana dumadakan tuwuh pangangen angen kang lumayang jroning driya.
“Wus sangkep anggonku brastha para satriya kanthi warata. Tan ana sawiji kang kesingsal, saban aku tumeka ing sawijining tlatah. Kabeh kang kang katindakake iku amung tumuju marang sawiji kang kaesthi, yaiku karahayoning jagad. Nanging apa ta sababe, bebrayaning urip isih nglairake golonganing satriya ing saindenging jagad. Yen ta kaya mengkana, mesthine tuwuhing golongan satriya iku, wus dadi kodrat kang wus kapurba lan kawasesa saka kang murbeng dumadi. Apa hiya garising tatanan urip iku kaya mengakana? Sakal Sang Ramaparasu mandeg mangu. Jroning ati amung ana rasa suwung kang ambabar rasa kuciwa.
Saka judheging rasa, wadung kang tansah sumandang ing gigir tinakonan. Patrape Ramaparasu, yen kadulu kaya dene wong kang nandang tonen.
Wadung, wus sepira cacahe golonganing satriya kang wus kaprawasa? Kowe sing dadi seksi! Mider saindenging jagad lakuku, ora ana kang kaesthi amung ngayahi sesanggeman. Ora saka pamrih marang sawiji wiji golongan, luwih luwih pamrih tumrap dhiri pribadi. Kanthi tulusing ati, tak aturake darma bektiku tumuju marang Hyang Widi Wasesa. Kang tak ajab amung karaharjaning ngaurip. Wektu iki aku wus lalu yuswa, nanging Paduka Pukulun maksih tetep anglairake para satria kang jumedhul mbaka sawiji ing saindenging papan. Sanajan susul sumusul lairing para satriya, bakal tetep  tak leksanani darma kang laras kalawan rapuhe angga.
Nanging karana ngapa, para satriya isih terus linairake? Kandhanana wadung, paran sejatine, apa kang kasebut sejatining sesanggeman kuwi! Kandhanana, ing ngendi bab kang becik kang kudu tak tindakake! Apa jeneng ingsun kudu nglarapake Panahku Bargawastra marang ing akasa suwung, sahengga ilang musna, sirna saka jagad raya? Kanthi mangkana aku ora kumudu lumaku njajah desa milang kori, ngambah negara negara, lan papan  kang ora kaduga suku iki jumangkah.
Genti gumanti sanjata kang tansah sumandhing kasawang, wadung lan pusaka panah Bargawastra. Wadung kaselehake, ganti ingarasan Panah Kyai Bargawastra kang uga tumuli sinelehake ing watu gilang.
Heh Bargawastra, kowe sanjata kang ampuhe anggegilani. Ora ana sajuga, kang keduga nandingi kasektenmu. Semana uga ora ana salah sawiji wiji satriya lan golonganing mahluk apa wae, kang keduga ngalahake yudaku. Kira kira ing ngendi papane Bathara Wisnu kang kesdu nguji kasektenmu.
Gumremeng guneme Ramapasu, anjinggleng mandeng senjata sakti Bargawastra. Kang pinandeng tan ana mosik, neng kaya watu ning kaya banyu. Sakala sesawanganing netra amung suwung, pasuryane suntrut peteng. Angles kekes kinunci nalanira, sahengga tan bangkit anenimbang tindak. Wusana Ramaparasu lungguh ing sangandhaping ampingan watu pepereng. Sesawang ing ngarepira, adoh anglangut tan ana watese.
Mila mangkana, mangsakala iku Sang Ramaparsu wus lalu yuswa, rikma wus asawang nyambel wijen. Senajanta blegering raga maksih santosa,  netra tuwa isih murub mangalad, karosane isih tetep kagila gila kaya keduga nembus betenging waja. Nanging wujud sarira wus saya suda sesawanging mudhane, kaya sinedhot ing ubenging mangsa kala.
Apa ingaran muspra kang tak tindakake seprana seprene?  Ngudarasa jroning batin, saka sumuk amuking pamikir jro panggalihira. Nanging kaya sinengkakake, sakala tuwuh pangucaping batin. Pangudarasa kang pranyata malah dadya kejot tumraping rasaning pribadi.

Ramaparasu Prasapa (2)


Surak mawurahan ambata rubuh gumerah saka barisaning para prajurit kang pinandhegan dening raja bangsa Hehaya. Sang Prabu kang darbe watak angkara budi candhala, sigra prapta ing udyana, kasambut dening kang angasrama. Dewi Renuka kang gugup, gita gita angacarani rawuhe Sang Prabu. Rena panggalihe raja saking Hehaya, nanging bawane raja kang kumalungkung, tanpa taha taha sigra apeprentah Dewi Renuka masrahake lembune kang nedya kapragat kanggo pangan wadya balane.
Sang Prabu, lembu punika namung setunggal gadhahan kawula, Renuka ngaturake katrangan, lembu punika inggih ingkang dados sarana kangge ngaturi sesaji powan dumateng para Jawata manawi kakung kula nuju memuja. Kados pundi kedadosanipun, menawi kakung kula mangertosi ing bab punika.
Apa aku kudu wedi marang guru lakimu? Apa sira ora mangerteni yen sepira kawibawan lan kesektenku? Sereng pitakone Sang Prabu kang sajatine tanpa perlu kajawab.
Saklimah datan ana kumecap Dewi Renuka. Nanging sorot netrane anuju marang Sang Prabu, tanpa ana rasa jirih, malah kepara nantang. Mulat tingkah polahe Sang Dewi, raja Hehaya ngguyu latah. Ora nganggo wigih areringa, Sang Prabu sigra parentah dawuh mring wadya kang dhedherek, kinen nyeret lembu kang dikeparengake. Renuka amung anjegreg, datan kaduga nyaruwe, amung nyawang lembu kang sineret dening para prajurit kanthi ati kang nalangsa saka swara sambate lembu kang ngaruhara siniksa ing sadalan dalan.
Datan pantara lama, Resi Jamadagni rawuh nganthi lan para putrane. Mulat taman kang bosah basih kaya mentas katempuh ing prahara, kadangu Dewi Renuka, ana prastawa apa kang kedaden nalika tininggal.
Ana bab kang kepriye, Renuka?
Renuka matur kang sejatine prastawa kang nembe anekani kanthi rasa sedih. Daya daya Sang Resi sigra ndawuhake marang Ramaparasu supaya nyuwun wangsul lembu kang wus rinebut.
Enggal cegaten raja Hehaya, mintaa kang sarana aris. Lamun nora rila kapinta sarana becik, borong lan sira Ramaparasu!
Sigra cancut taliwanda Ramaparasu kang awatak prajurit. Tan antara dangu Ramaparasu wus ayun ayunan kalawan raja Hehaya. Tanpa nganggo taha taha tinrambul wani raja Hehaya sakwadyabalane, temah pancakara dedreg umyeg. Ora lega rasane, Ramaparasu gya ngunus warastra, katamakake ing jaja tembus ing walikat, sirna margalayu raja trah Hehaya.
Ora nggandra sepiraa tingkahe raja kang tindake sumongah sesongaran iki. Nyata yen sira titah kang darbe watak duraka, budimu siya.
Prajurit kang pada murina saka patine ratu gustine sigra ngepung wakul mbaya mangap. Nanging dudu Ramaparasu kang darbe watak jirih, genti musthi wadung kang gedhene ngedab edabi. Kadya prahara kang anempuh kekayon, pating blasah kuwandhane para prajurit. Kang pada urip padha lumaris salang tunjang rebut dhucung pati pati ambentusi.
Babak anglayoni jujul anusuli, kedadeyan ing kana nyata ana satru culika. Rekyan apatih kang uninga lamun ratu gustine wus dumugining tiwas, nanging tan kuwawa tangkep jaja kantaran bahu kalawan Ramaparasu, gya tinggal glanggang, nanging nuju mring pretapan bareng sawatara barisaning para prajurit.
Ora bakal kuwagang aku  andhingi krodhane Ramaparasu kang banget sekti mandraguna, luwih becik, kita nindakake kerti sampeka, besmi bumi angus pertapane kanjeng ramane, lan pateni Resi Jamadagni sakrandhahe, mangkana prentahe kalawan para prajurit.
Ramaparasu datan mangerti tumindake Rekyan apatih. Rasa kang angigit igit, nggugah rasa tega marang raja saking tlatah Hehaya punika. Rinajang rajang, lan kabalang ing saindenging papan.
Kocap, Resi Jamadagni kang taksih kalimput ing rasa gempal penggalihe. Kaget gora wekasan dupi aningali kanyatan lamun pertapan wus kinepung wakul binaya mangap. Nanging bawane Sang Resi kang wus ngeringake kasudibyan, nyata ora darbe rasa nedya nglawan. Sanajan ing mudhane tandang sikeping kaprajuritan sejatine datan samar marang kasekten tingkahing wong Hehaya kang rinasa kuwawa kasingkirake. Nanging kang katindaake ing wanci iki amung memuji, muga daya daya Ramaparasu prapta bali marang ing pertapan. Nanging kang sinedya maksih adoh papane. Tan pantara dangu, Resi jamadagni wus kinarocok gegaman. Tumbak, pedang lan panah tumama ing sarirane, katingal tatu arang kranjang, ludira anelesi ponang raga kang wus ambruk ing bantala nandang katriwandhan. Renuka lan kadang Ramaprasu papat, sakala mapagake unggyane Sang Jamadagni. Nanging tekdir wus lumaku, sirna Sang Resi ing pepangkone para garwa lan putra. Surak mawurahan gumuruh para prajurit Hehaya kang gumbira, sabab musuh wus kapracondhang.

Rama Parasu Prasapa (1)

By MasPatikrajaDewaku

Gelise kang amunggel kawi, nalika samana, wonten narendra awasta Prabu Citrarata, hangedhaton ing Nagari Martika. Samangke Prabu Citrarata kersa tedhak leledhang lan mbebedag sato wana ing sakupenging pertapan dununging Sang Jamadagni kang adoh saking kerameyan.
Lamun cinandra, nyata yen sang raja mudha, raja kang pekik ing warni, sembada wiratama. Senajana awujud priya, nanging Sang Prabu banget mersudi marang bab kang ingaran ngadi sarira lan ngadi busana. Mula keh para kenya kang kapanduk ing rasa asmara saka liringing netra lan tembung manis pangandikane Sang Narendra kang alus memanuhara.
Sang Prabu kang ijen tanpa rowang, saka panasing swasana, gya ambyur ing tlaga kang wening tirtane, sampat tanpa busana panutup lingga. Kidung asmara kang rinonce tumata, lumepas saka lathinira prabu Citrarata, sarwi siram aceciblonan.
Swara kidung kang sumusup ing sela selaning kekayon, hanyeret grenjeting nala Dewi Renuka, temah lumampah galeyah-galeyah marepegi unggyaning kang lagya kekidung. Tetahunan sang Dewi Renuka kadya sinekep jroning wana gung. Adoh saka alam karameyan apadene gebayaring swasana kang anggugah derenging asmara. Senadyan ta tresnanira sang guru laki kacihna tanpa upama, nanging datan timbang lamun katandhing kalawan memanising swara kidung kang andudut rasa. Saya lepas sukmane sang Dewi tatkala mulat sejating kang kekidung. Tirta wening nyipta wewayangan sarirane Sang Prabu ngegla tanpa aling aling, katon gagah sembada, katambah rupa sang Prabu kadi dene Jawata ing Ngargakembang angejawantah. Temah gogrog asmara sang dewi,  mangkana pangucape
“Jagad dewa bathara! Nembe iki aku mulat sawijining priya kang pideksa sarwa sembada, dedeg ngringin sungsang pengawak banyu. Swara kidunge andudut sukma, solah bawane amerak ati. Dhuh dewa, ora kuwawa titahira nahan hardaning ati.
Dewa asmara, rungakna tangising atiku, welasa lawan ragaku. Lepasana panah asmaramu tumanduka marang priya kang lagya kekidung. Dhuh jawata agung, kobarana agni asmara jroning ati pawongan  kuwi, supaya lega rasaning atiku kang lagya nandang wayang wewuyungan”.
Anjegreg kadi tugu sinukarta Sang Dewi, mulat unggyaning Sang Prabu Citrarata kang lagya lelumban ing weninging tirta, nanging Citrarata datan ngrewes swasana ing sakupengira. Jroning ciptane sang Dewi kaya siniksa dening tingkah polahe sang apekik kang datan karasa lamun sinorot ing netra kang ngandhut getering asmara kang mubal angalad alad. Kaseret ing aradan Renuka, tan enget ing tata susila kagiwang dening derenging birahi, sanalika Renuka gya lukar busana, glewa glewa kaya golek kencana, ambyur ing tirta wening, marepegi Prabu Citrarata kang sakala kagyat mulat praptane Dewi Renuka.
Pungun pungun sakedheping netra, mirsane kaendahan wanita sulistya kang anyaketi ing ngarsanira. Kadereng sengseming birahi, sakarone wus datan enget ing purwa duksina, ora kuwagang angampet branta asmara. Kang karasa amung nikmat jroning nistha kang linakonan. Weninging tirta tlaga kacihna kaya dene segara madu, sampad rasa kang kadidene munggah arga kembang, kekarone gya mentas ing ndhedharatan.
Datan kawursita kang samya lelumban olah kridhaning priya wanudya, nalika iku sang surya wus gumlewang ing cakrawala. Renuka wangsul dhateng pertapan, lungkrah sarirane Sang Dewi, katingal saka payus guwayane.
Begawan Jamadagni yekti wus datan kasamaran marang kahanan jro jabaning pribadi Dhasar pandita kang wus putus marang panembah jati, mila sigra ngawuningani apa kang kadaden kang nembe sinandhang ing garwanira. Gempal sumendhal sumedhot rasaning driya Sang Resi, perih nelangsa lamun rinasaa. Nanging bawane pandhita kang wus menep, Renuka kaawe ngadhep marak ing ngarsa. Ririh sabdane Sang Jamadagni.
“Nalika semana kita anggadhuh glodhoging gana madu kang arum arum gandane, manis rasane. Nanging wektu saiki, madu sa ganane wus ilang musna kasempyok ing aradan, kenthir kendhang muspra ilang tanpa tilas”.

Lahiripun Ramaparasu

By MasPatikrajaDewaku

Swuh rep datapitana. Anenggih ing nagari Kanyakawaya. Sinten ta ingkang anyakrawati mbahudhendha ing kana, anenggih Sang Prabu Gadi. Raja agung kang darbe gegayuhan luhur lan agung. Kapan sang raja samadi, Sang Prabu yekti kuwawa pepanggihan kalawan Jawata kang murbeng dumadi. Jroning samadi, tan ana kang kapinta, amung sawiji kang dadi gegayuhaning nala.
“Dhuh Jawata Agung! Ing sangandhaping pepayung pukulun, nagari lan para kawula tansah gesang ing karaharjan. Sabab saking punika dhuh sang maha pangayom, kersaa paring langgenga pangayoman saking pukulun. Nanging menawi pukulun mboten kersa paring nugraha dhumateng  titah paduka kados ingkang kula pinta, mugi pukulun paringa kanugrahan awujud putra ingkang luhuring budi, santosa, dirga yuswa lan kalis ing sirna kajawi saking karsaning Sang Hyang Wisnu kang nglantaraken ing tepet suci”.
Jroning samadi, panuwun Sang Gadi kabul, turun putra kang dinama dama bakal diparingake. Nyata yen Para Jawata tansah asih tresna kalawan sang Raja.  Nanging sang Prameswari tan bangkit anggarbini, putra kang kapinta siyang pantaraning ratri, praptane kaya dene adoh lintang sinawat balang ing kayu. Rasa kuciwa sedhih lan rasa duhkita, angrem jroning manah sang Prabu.
Nikmat mupangating kamulyan kang kinecap ing nguni sakala ilang muspra. Sang Prabu pungkasane remen bebara ing wana gung, munggah ing redi kang dhuwur tur wingit. Pitekur telenging wana lumampah anjalak paningal urut gigiring redi miwah tepining samudra. Ora ngemungake  papaning para manungsa, nanging tumeka ing dangkaning drubiksa dharahing asura, uga karambah.
Prameswari kang setya tansah sih sinisihan bebarengan sak lakuning sang kakung. Jroning pangumbaran, sakarone tansah mrangguli para brahmana, resi  lan para muni, kang teguh denya sumujud mring sang akarya jagad. “Apa ta kang kapinta jroning samadining para brahmana, para resi lan para muni kang dicecadhang rina pantaraning ratri?” tetanya sang Prabu yen ta kawijiling lesan. “Sajatine, para suci kuwi ora mbutuhake brana picis, kamulyaning ngaurip apa dene turun. Nanging kena ngapa para suci tansah tekun manekung ing samadine?”
Saya suwe lan asringe sang Prabu anggone srawung kalawan para suci, atetuker ing babagan ilmu sejatining ngaurip, sang Prabu wiwit pana pranawa ing galih. Uninga yen ta tekad kang kekiblat marang kang sinayudan bakal nuwuhake gegeter jroning ati, kang wusanane kabul kang dadi sedyane.
“Tan ana kang ginayuh ing alam dunya iki” para suci nerangake marang sang Prabu, “kang ginayuh amung sawiji, muga-muga kita bisa napaki nirwana!”
“Iki sayekti paminta kang ora bakal kaleksanan ing ndunya” Sang Prabu Gadi ngudarasa jroning driya, “Nanging senajan kaya ngana para suci iku tetep teguh. Yen ta tindak pitekur iku kinabul dening jawata, iku kaya dene tindak kang ora muspra”.
Ginugah rasanira sang Prabu Gadi marang tekad kang sakawit, angambali panuwun mring Sang Maha Agung. Panekung samadi lan panuwun marang Gusti linakonan kanthi tumemen, sayekti kinabul. Sawijining dina sang Prameswari nggarbini. Wus wancine, Prameswari mbabar jabang bayi pawestri kang sulistya ing warna, tetenger kang kaparingake, yaiku Setyawati.
Senajan jroning nala Sang Prabu kuciwa dene amung ginanjar putra pawestri,  nanging Sang Prabu darbe pangarep arep ing tembe bakal darbe putu putra. Panuwune sangsaya mempeng, panuwun yen ing tembe Setyawati bisa kapundhut garwa dening sawijining raja agung binatara. Lan turun Setyawati kuwawa anyakrawati mbahudhenda lungsur keprabone kang rama.
Tetanda kang mangkana sangsaya kasat mata, nalika Setyawati wus akhir dewasa. Dedeg weweg kinanthi ing teja kang mencorong agawe goreh para muda kang kataman asmara. Ora mokal lamun keh para raja kang sedya ngayunake Sang Dhewi, nanging meksa isih katampik, sabab durung ana kang nuju prana.
Kocap kacarita, ana prastawa  kang dadi kejoting penggalihe Prabu Gadi, sawijinging brahmana kang abebusana sudra marak ing ngarsane Sang Prabu ngaturake sembah.
“Nuwun amit pasang kaliman tabe, mugi tinebihna ing siku dhendha, kula pun Ricika, putranipun Brahmana Brighu. Keparenga matur ing ngarsa Paduka Sang Prabu. Awit saking sabda Sang Bathara Waruna, yen Setyawati, putri jengandika Sang Prabu punika, sayektos sampun ginaris dados jodho kula”
Sakala legeg penggalihipun Sang Prabu. Yen kawetua bakal ngucap “ Apa waras Brahmana kang murang tata iki?”
Sawatara lama Prabu Gadi datan bisa angandika. “Kepiye cara nggonku nampik kanthi alus”. Nanging pangandikane amung kasimpen jroning ati. Pekewuh yen nulak, lan rinasa bakal gawe tatune brahmana mudha.
Nanging yen Setyawati kaparingake marang Brahmana kang lugu, mungguh apa kedadiyane mengko . . . . . .
Tetimbang kang wus pinilah jroning batin, Sang Prabu wekasane muwus, “Apa pancen bener lamun Bathara Waruna wus tumurun prapta ing ngareping andika? Ingsun percaya marang sira, nanging tudhuhna bukti luwih dhisik. Ing kene ingsun prasetya, yen sira  bakal bisa nggarwa putriku, Setyawati, lamun wus bisa ngaturake bebana kang bakal kapundhut”
“Sumangga Sang Prabu, kersaa ngaturaken dhateng kula, bebana menapa ingkang kakersaaken?” Ricika ngaturake tetanya.

Turune Sukesi simbol kabecikan lan angkara

http://www.solopos.com/2010/lifestyle/jagad-jawa/turune-sukesi-simbol-kabecikan-lan-angkara-22045

Dewi Sukesi yakuwi anak wadone Prabu Sumali, Ratu Alengka. Dheweke duwe sedulur jenenge Di-tya Prahasta. Nalika dhewasa, Dewi Sukesi dadi rebutan para satriya lan ratu ing jagad. Nanging, dheweke gelem dadi bojone sapa wae, anggere wong kuwi bisa njabarake ilmu Sastra Jendra Hayuningrat. Saliyane kuwi, Ditya Jambumangli uga pasanggiri sapa wae sing ameh nglamar Dewi Sukesi kudu bisa ngalahake dheweke. Manawa bisa nelukake Jambumangli, diantukake mboyong Dewi Sukesi, kang kapetung isih sedulur pupone. Jambumangli dhewe sajane nyimpen rasa tresna marang Dewi Sukesi lan kepengin jejodhoan karo dheweke.
Antarane para satriya lan ratu kang nglamar Dewi Sukesi kuwi, ana Begawan Wisrawa kang uga nglamar Dewi Sukesi kanggo anake, Prabu Danareja, ratu nagara Lokapala. Kocap kacarita, sayembara iku bisa dimenangake dening Begawan Wisrawa lan dheweke banjur mboyong Dewi Sukesi supaya diningkahake karo anake, Prabu Danaraja.
Nanging Dewi Sukesi wegah lan ora gelem netepi jejodhoan iku, amarga Prabu Danaraja dudu wong kang bisa nja-barake ilmu Sastra Jendra Hayuningrat. Mula, dheweke kudu kawin karo Begawan Wisrawa. Jejodhoan iki nuwuhake nesune Jambumangli, saengga kedadean peperangan antarane Jambumangli lawan Begawan Wisrawa. Jambumangli tiwas kanthi awak karajang-rajang.
Sadurunge mati, Jambumangli nyupatani sukmbene anake Wisrawa bakal nemoni nasib kaya Jambumangli, matine kanthi awak karajang-rajang kaya cara patine dheweke.
Dene ing jejodhoane karo Begawan Wisrawa, Dewi Sukesi duweni anak cacah papat yakuwi Rahwana utawa Prabu Dasamuka, Arya Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka lan Arya Wibisana. Anak-anake Dewi Sukesi iki ing tembene bakal dadi kaca benggalaning sakabehe kabecikan lan kaluputaning manungsa. Budi candhala bakal tumpes dening budi utama.
Damar SP
http://wayangprabu.com/category/cerita-wayang/basa-jawa/


Wisanggeni

Pregiwa-Pregiwati anake Arjuna lan Endang Manuhara
Endang Pregiwa iku anake Arjuna lan Endang Manuhara. Dheweke duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Endang Pregiwati.
Ing lakon Pregiwa-Pregiwati, kekarone bebarengan lunga nggoleki bapakne menyang Amarta, kairingan Cantrik Janaloka minangka pangiringe.
Ing tengahing laku ngupadi bapakne iku, katelune sapatemon kalawan Kurawa sing nembe ngupadi patah kembar kanggo minangkani wewaton nglamar Dewi Siti Sendari. Ancase Kurawa, Dewi Siti Sendari bakal didhaupake kalawan pangeran pati Astina sing jenenge Leksmanamandrakumara.
Nalika Janaloka kacipuhan ngadhepi Kurawa ing sawijining andon yuda sing ora imbang, Endang Pregiwa banjur ngejak mlayu Endang Pregiwati, nyingkir saka papan andon yuda. Endang Pregiwa lan adhine wusana sapatemon kalawan Abimanyu. Sabanjure Abimanyu ngadhepi Kurawa sawise Janaloka nemahi pati. Lan nalika iku Gathotkaca mbiyantu Abimanyu saengga kekarone kasil ngasorake para Kurawa. Gathotkaca sing weruh Pregiwa lan Pregiwati banjur tuwuh rasa tresna ing atine. Endang Pregiwa nglanggati krenteging rasa tresa ing atine Gathotkaca lan wusana kekarone didhaupake. Gathotkaca lan Endang Pregiwa nurunake anak siji sing jenenge Arya Sasikirana utawa Sasikirna.
Dene Endang Pregiwati sabanjure dilamar dening Pancawala sawise kedadeyan rajapati. Gathotkaca ditutuh mateni Pancawala nggunakake keris sing disilih saka Arjuna, saengga antuk paukuman kanthi cara dirante.
Nanging Gathotkaca kasil ndhudhah sejatining kedadeyan rajapati iku. Gathotkaca kasil nemokake bukti yen sing mateni Pancawala ora liya Leksmanamandrakumara, anake Duryudana utawa Suyudana, sing pancen pengin sesandhingan kalawan Endang Pregiwati.
Wusana, Gathotkaca diluwari saka paukuman lan Pancawala diwaluyakake maneh dening Sri Kresna amarga pancen durung tekan pepesthene nemahi pati. Dhaupe Endang Pregiwati lan Pancawala, anake Prabu Yudhistira, lumaku kanthi regeng lan agung kadidene dhaupe anak raja.
Pancawala ing crita pedhalangan Jawa mujudake anake Prabu Yudhistira utawa Puntadewa, raja ing Indraprasta/Amarta/Amerta, lan Dewi Drupadi, anake Prabu Drupada raja ing Pancala.
Miturut crita Hindhu, Dewi Drupadi duwe sisihan akeh utawa nglakoni poliandri, yaiku dadi sisihane Pandhawa sing nurunake anak dhewe-dhewe. Ing Mahabarata, Pancawala uga sinebut Pancakumara utawa Pandhawasuta, tegese anake para Pandhawa. Lan saka dhaupe Dewi Drupadi kalawan para Pandhawa banjur nurunake Pratiwindya (anake Yudhistira), Srutasoma (anake Bima), Srutakirti (anake Arjuna), Srutanika (anake Nakula) lan Srutakarman (anake Sadewa).
Pancawala banjur dhaup karo Dewi Pregiwati. Ing perang Baratayuda, Pancawala mehak Pandhawa. Pancawala urun kridha mbela Pandhawa nalika pasanggrahane Pandhawa dirabasa Kurawa, yaiku ing Baratayuda babak katelu utawa Ranjapan. Pancawala bebarengan para senapati Pandhawa ngadhepi panempuhe Kurawa.
Nalika Aswatama nylundup mlebu wewengkon Karaton Astina sedya mateni Parikesit, Pancawala mati dening Aswatama. Pancawala raket pasedulurane karo Anantasena, anake Bima lan Dewi Urangayu, anake Hyang Mintuna. ::Ichwan Prasetyo::
Dewi Surtikanti milih mbela pati sisihane
Dewi Surtikanti iku anake Prabu Salya lan Dewi Setyawati utawa Dewi Pujawati. Dene Dewi Setyawati dhewe ora liya anake begawan raseksa sing jenenge Bagaspati ing padhepokan utawa pertapan Hargabelah.
Prabu Salya lan Dewi Setyawati nurunake anak cacah lima, yaiku Dewi Erawati (prameswarine Prabu Baladewa), Dewi Surtikanti, Dewi Banowati (prameswarine Prabu Duryudana), Arya Burisrawa lan Rukmarata.
Ing lakon Alap-alapan Surtikanti dicritakake karaton Mandraka kalebon sawijining durjana sing tansah ngadani patemon kalawan Dewi Surtikanti. Maling agung kasebut raine mirip Pamade utawa Arjuna saengga Arjuna saguh ngrangket durjana kasebut.
Ing taman Mandraka, Arjuna bisa sapatemon kalawan durjana sing mlebu ing karaton Mandraka. Arjuna kasil mangerteni jati dhirine duratmaka sing ora liya Suryaputra. Wusana Arjuna lan Suryaputra banjur andon yuda, adu kasekten.
Nanging Suryaputra kasil dikalahake dening Arjuna lan uga kasil dirangket. Suryaputra banjur dipasrahake marang Prabu Salya. Sawise kasil ngalahake Prabu Karnamandra lan ngejeki krajan Awangga, krajan sing tansah ngreridhu lan ngganggu gawe katentremane Mandraka, Suryapurna utawa Karna banjur sinengkakake ngaluhur, dadi raja ing Awangga jejuluk Adipati Karna.
Kasile Karna ngalahake krajan Awangga uga saka pambiyantune Arjuna. Suryaputra sabanjure dijodhokake kalawan Dewi Surtikanti. Nalika upacara pikramane Suryaputra lan Dewi Surtikanti arep digelar, Dewi Surtikanti njaluk supaya dipaesi dening sawijining jaka sing bagus.
Arjuna sing ditetepake lan dipilih dadi juru paes tumrap Dewi Surtikanti. Karna lan Dewi Surtikanti nurunake anak loro, yaiku Warsasena lan Warsakusuma. Ing perang Baratayuda, Dewi Surtikanti mati lampus, belapati tumrap sisihane, Adipati Karna.
Surtikanti mati sadurunge Karna gugur ing pabaratan, nalika nglawan Arjuna. Patine Surtikanti amarga klerune Adimanggala nalika matur marang Sutikanti sing kudune wose ngandharake yen Adipati Karna njaluk sedhah utawa suruh, nanging nalika diungelake dening Adimanggala wose dadi Adipati Karna seda utawa mati.
Amarga klerune Adimanggala iku Surtikanti dadi sedhih banget lan banjur mutusake bakal bela pati marang sisihane kanthi cara mati lampus. Amarga kedadeyan kasebut, Adimanggala antuk paukuman pati saka Karna. Adipati Karna dhewe sing mateni Adimanggala. ::Ichwan Prasetyo::
Wahmuka lan Arimuka sedulur kakang kawah adhi ari-ari
Ditya Wahmuka ora bisa dipisahake kalawan Ditya Arimuka. Kekarone awujud raseksa kembar sing riwayat asal-usule siji.
Kekarone metu ing lakon Alap-alapan Triputri, yaiku kedadeyan nalika ana putri telu kembar arep ningkahan bareng. Telu putri kasebut yaiku Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki.
Ditya Wahmuka lan Ditya Arimuka dadi pasanggiri nagara Pandansurat. Saksapaa sing bisa ngalahake raseksa kembar iki bakal bisa mboyong putri kembar telu, ya Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki.
Patembayan kasebut kasil narik kawigatene para raja lan satriya sing rata-rata pancen padha kapencut marang kasulistyane putri telu kembar kasebut.
Ananging saka raja-raja lan satriya sing melu patembayan ora ana sing bisa ngalahake kasektene Wahmuka lan Arimuka. Nalika iku Dewabrata utawa Resi Bisma diutus bapake, Prabu Santanu raja Astina kanggo melu ing patembayan kanggo adhine, Citragada lan Wicitrawirya.
Bisma banjur adhep-adhepan kalawan Wahmuka lan Arimuka. Katelune banjur perang tandhing rame banget. Kanthi pusaka lembing Kyai Salukat, Dewabrata kasil ngalahake
Ditya Wahmuka lan Arimuka. Wahmuka banjur bali marang wujud asale yaiku kawah, dene Ditya Arimuka uga bali marang wujud asale, yaiku ari-ari.
Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki iku anake Prabu Darmahambara, raja ing Giyantipura. Dewi Amba wus dipacangake lan Prabu Citramuka, raja nagara Srawantipura.
Nalika Bisma kasil mupu patembayan lan mboyong Dewi Amba, Dewi Ambika lan Dewi Ambiki, ing tengah dalan Dewi Amba njaluk marang Bisma supaya diluwari amarga wus dipacangake lan Prabu Citramuka saka nagara Srawantipura.
Nanging nalika Dewi Amba kasil sapatemon kalawan Citramuka, raja nagara Srawantipura iku wus ora gelem maneh nganggep Amba minangka pacanange. Miturut Citramuka, Amba wus dadi hake Bisma sing menang ing patembayan kanthi ngalahake pasanggirine Wahmuka lan Arimuka.
Amba banjur nyusul Bisma maneh lan njaluk supaya entuk melu tekan Astina. Nanging Bisma ora gelem nampa baline Amba minangka putri Boyongan. Dene Amba dhewe tetep ndhesek Bisma supaya gelem ngejak tekan Astina.
Bisma banjur nesu lan ngancam Amba nganggo sanjatane. Lan tanpa sengaja, panah sing pinenthang ing gandhewane Bisma kanggo ngagar-agari Amba ucul saka jepitan drijine Bisma. Panah iku ngenani dhadhane Amba. Sadurunge mati Amba nyepatani Bisma yen dheweke bakal males patine lumantar sawijining prajurit wanita titisane.
Sepatane Amba kawujud ing perang Bharatayuda babak kapindho utawa Tawur. Bisma gugur ing tangane Srikandhi, prajurit wanita saka Pandhawa, sisihane Arjuna. Nalika iku Srikandhi kasusupan sukmane Dewi Amba. ::Ichwan Prasetyo::
Brajadenta nyawiji kalawan ragane Gathotkaca
Brajadenta iku anake nomer telu Prabu Arimbaka. Dadi Brajadenta iku ora liya adhine Prabu Arimba lan Dewi Arimbi saka Pringgadani. Tembung Brajadenta ateges sanjata saka gadhing.
Brajadenta kerep makili Dewi Arimbi mimpin krajan Pringgadani, amarga mbakyune sing nglenggahi jejering ratu iku kerep dedunung ing Jodhipati ngampingi sisihane, Bima utawa Werkudara.
Dewi Arimbi dhewe yaiku anake Prabu Arimbaka, raja nagara Pringgadani. Saksurute Prabu Arimba, dheweke nglintir kalungguhan nata ing Pringgadani.
Gumantine raja ing Pringgadani iku ditemtokake tumrap pangeran pati miturut sarasilah kulawarga sing tuwa dhewe. Amarga kuwajibane dadi prameswarine Bima, mula Dewi Arimbi kerep ngampingi Bima ing Jodhipati lan masrahake panguwasane krajan Pringgadani marang Brajadenta.
D
ewi Arimbi duwe kasekten bisa njilma saka wujud asline raseksa dadi putri sing sulistya ing warna. Kasekten iki kababar sepisanan nalika Arimbi sapatemon kalawan Bima.
Pungkasan uripe, Arimbi mati ing satengahing perang Baratayuda amarga mbelani anake, Gathotkaca sing gugur minangka senapati Pandhawa dening Adipati Karna. Wandane Dewi Arimbi iku Cicir.
Suwening suwe ing telenging atine Brajadenta tuwuh pikiran kanggo ngrebut dhampar keprabon Pringgadani saengga dheweke bisa nguwasani Pringgadani, ora mung dadi wakile mbakyune. Brajadenta banjur madeg kraman kathi pawadan yen kalungguhan raja iku ora apik yen dipasrahake marang wanita.
Lan miturut Brajadenta, panemune iku kabukten nalika Arimbi sing jumeneng ratu ing Pringgadani kerep ninggalake kuwajibane amarga kudu ngampingi Bima, sisihane, sing dedunung ing Jodhipati.
Madeg kramane Brajadenta antuk panyengkuyung saka adhi-adhine, yaiku Brajamusti, Brajalamatan lan Brajawikalpa. Ananging ana uga adhine liyane sing ora sarujuk marang sikep lan tumindake Brajadenta iku.
Adhi-adhine sing ora sarujuk nalika Brajadenta nglairake sikepe arep madeg kraman marang Arimbi yaiku Prabakeswa lan Kala Bendana. Wusana pangramane Brajadenya kasil ditindhes dening Gathotkaca, anake Dewi Arimbi lan Bima.
Sabanjure Gathotkaca sinengkakake ngaluhur jumeneng nata ing Pringgadadi sawise ibune, Dewi Arimbi, masrahake dhewe panguwasane marang Gathotkaca.
Ing lakon Gathotkaca Kembar, Brajadenta kasil sesambungan asmara kalawan Dewi Banowati, prameswarine Prabu Suyudana, raja Astina. Nalika iku Brajadenta nyaru wujud kadidene Gathotkaca.
Wusana Brajadenta mati dening Gathotkaca. Arwahe Brajadenta banjur nyawiji ing ragane Gathotkaca kanthi cara mrasuk ing untune Gathotkaca. Wiwit iku Gathotkaca duwe kasekten saksapaa sing kena cokot untune mesthi mati.
Arepa Brajadenya wus nyawiji kalawan ragane Gathotkaca, ananging dheweke bisa urip maneh yen dibutuhake dening Gathotkaca. Lan saben dibutuhake, arwahe Brajadenta bakal mbiyantu apa gawene Gathotkaca. Lan pungkasan uripe, gugur ing palagan Baratayuda babak kaping papat, yaiku Suluhan utawa Gathotkaca Gugur. ::Ichwan Prasetyo::
Wisanggeni lair wujud geni lan menjila dadi satriya pinunjul.

http://wahyoe12.wordpress.com/2009/08/26/cerita-wayang-bahasa-jawa/


Kamis, 25 November 2010

Mitos Orang Jawa Seputar Ari-ari



ANGGAPAN bahwa ari-ari merupakan saudara kembar dari si bayi sah-sah saja. Mitos ini muncul karena sepanjang sejarah kehamilan, ari-ari (plasenta) selalu mendampingi sang janin. Jadi, sebenarnya bayi berharap banyak dari "teman seperjuangannya" selama dalam kandungan ibu, sebagai sumber makanan bagi janin. Nah, berharap banyak itu lah yang didengungkan orangtua pada budaya mengubur ari-ari.

Sesuai dengan mitos, budaya dan filosofinya, tata cara perlakuan ari-ari juga berbeda dari satu daerah ke daerah yang lainnya. Tak heran, ada tradisi yang memerlakukan secara khusus sesuai adat istiadat mereka masing-masing. Antara lain:

Mitos orang Jawa

Menguburkan ari-ari dalam tanah dengan harapan agar si anak dekat dengan keluarganya, merasa hangat dan tentram dalam keluarganya. Selalu berkumpul walau dalam keadaan apapun juga. Mangan ora mangan, asal ngumpul.

Mitos orang Medan, Minang (Padang), Cina, Wajo, Bugis, Makassar

Melarung ari-ari ke laut, agar si anak mobilitasnya tinggi dan dapat merantau kemana-mana dan dapat menguasai alam raya ini.

Mitos orang Tengger

Digantung dengan kendil di depan rumah, agar si anak tidak jauh dari tanah kelahirannya.

Mitos orang Bone

Mengubur ari-ari di bawah pohon kelapa. Harapannya agar kelak memiliki martabat tinggi sekaligus memberikan banyak manfaat bagi masyarakat. Potongan plasenta dan ari-ari dibungkus menyerupai bantal kecil sebesar jempol, di selipkan di pinggang sebagai pelindung bala atau marabahaya.

Senin, 16 Agustus 2010

tentang dunia bawah laut

Dunia diantara para manusia masih ada dunia PANTAI SELATAN sampai saat ini masih ada mitos yang nyata diantara jaman teknologi.