Sabtu, 26 Februari 2011

Layang Pribadi


                                                      Sleman, 27 Februari
 Sembah sungkem pangabekti
Katur eyang Joyo Prawiro Seno ing Ponorogo

                Nuwun, kanthi serat menika kula ngaturi priksa dhumateng eyang sekaliyan, bilih kula tansah ginanjar kawilujengan, pinaringan bagas kuwarasan, pikantuk berkah saking Gusti Allah ingkang Maha Asih lan pangestu panjenengan Mugi-mugi Eyang ing mriki inggih mekaten kawontenanipun.
                Kejawi menika, ngaturi priksa bilih sekolah badhe libur ing wulan Juli 2011. Menawi kepareng kula badhe sowan sinambi liburan ing Ponorogo mriki.
                Wasana namung menika atur kula, menawi wonten kalepatan, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun.

 Ingkang Wayah

                                  Nisrina Maulidini

Tidak ada komentar:

Posting Komentar